Senin, 07 Januari 2019


PLAGIAT
Sawijinig wengi kang padang akeh lintang lintang sing podo semebar ono ing nduwor langit lan rembulan seng wes meltek ombo ngarai ayeme ati wong sing podo ningali.Sinar rembulan sing melbu nang sela sela cendelo kamar ing salah sijine asrama pondok pesantren seng dijenengi AL IKHLASH,Pondok sing ono ning pesiser segoro pinger elor luweh pestine ono ing kota Gersik.Pondok seng nduweni santri sekitar 150 uwong ngadek megah bagunane lan setiap gedong podo tingkat telu kabeh.Wayah iku santri santri podo antri mundut mangan ten dapur pondok,wektu iku antriane dhowo bange, arek arek podo sibuk antri,kejobo fitri bocah kelas 3 smk asli soko tuban seng nglamun ningali arek arek seng podoh rebutan mundut mangan.dadak an teko ngguri ono seng ngageti fitri “doorrr,,,mbak.e lapo nglamun nang kene dewe, gak mundut mangan ta?? Mangke telas lhoo,!!” suworone pi’ah konco sak kamare fitri,amergi umure pi’ah luweh enom tinimbang fitri lan pawakane seng cilik deweke nyelok fitri mbak lan fitri nyelok deweke dek.”ehhh dekk,,,bocah kok ngageti wong wae!!” jawabe fitri,”hehehe,,ngapunten mbak,samian iku lapo ngalamun ng kene??””wonten masalah ta?”pitakone pi’ah.”mboten nopo nopo dek” jawabe fitri cekak.”nggeh pun,,tak tinggal nggeh mbak”kale mengsem nang pingere fitri.”nggeh..” jawabku.antriane suwe suwe sepi akhire fitri mundut mangan lan mangan ten kamar bareng konco koncone.
Bengi iki arek arek podo sibuk sinau amergi sesok wes ujian diniah utowo disebut ujian pondok.Ono seng moco kitab nang pojokan bantal,ono seng ngapalno imriti ( nandoman tentang pelajaran nahwu lan wes gak asing kango bocah seng wes tau mondok),kecobo fitri seng lagi sibuk dewe moco komik nang ngarep lemarine.”Fit, gak sinau  ta?mene wes ujian lohh,,,!!”pitakone sela konco sak kamar fitri seng paling akrep dewe karo fitri amergi cae sak deso karo fitri lan kaet cilik wes bareng fitri terus.”wess,,,gampang sesok wae aku sinau,nek samian ape sinau nang sinau..!!aku arep moco komik iki disek”jawabe fitri,”yowes sak karepmu,,aku pe sinau disek”.omonge sela.”nggehh..”jawabe fitri.sakwise iku fitri  ngelanjutno olehe moco komik lan sela sinau.sak marine iku arek arek banjur turu.
“Kukuruyuuuukkkk,,,,”suwarane pitek jago seng nandakno bocah bocah kudu nang enggal enggal tangi saking turune.Fitri lan konco koncone podo antri adus nang kolah seng ono nang njero kamar.Sak marine iku fitri langsung budal nang mushola nindakake sholat subuh.Sakmarine iku fitri lan konco kocone podo bali nang kamar.Sakdurunge melbu kamar fitri ketemu umma seng lagi bareng karo titin.
“kepiye umm wes nyatet ta?”
“sampun fit,,wes siap kabeh,”
“yowes,,!”karo mengsem
Jam wes nunjukno jam 07:00 wektune budal ujian.Fitri lan konco koncone podo siap siap lungo menyang lapangan nang ngarep pondok,sakwise santriwan lan santriwati kumpul nang lapangan sedoyo banjur maos doa bareng bareng seng dipimpin kale satungaling santri lanang,sak marine doa arek arek melbu nang ruangan ujianne dewe dewe.Fitri lungguh bangku paling mburi lan umma karo titin pangon nang ngarep.karo ngenteni gurune melbu,poro santri pada sinau disik,lan podo bingung uga nderedeg.Nanging fitri tenang banget ,deweke ora sinau blas,deweke,ngandelno yen bakal ngerpek wektu ujian.sak menika,konco sak kelase fitrising jenenge titin njejeri fitri.
“Fit,awakmu gak sinau ta?”takon titin marang fitri
“gak”jawabe fitri cekak
“Awakmu gak wedi ta,mengko gak iso ngerjakno?...sawangen !! kabeh podo sinau” pituture titin karo nunjuk nang bocah bocah.
“Rungoke,mengko yen aku ora iso ngerjakno ,aku bakal mbukak buku gampangkan.!!”
“tapi engko kuwi wayahe bu saroh seng njogo,,”
“halah,,awakmu sengaja tah ngomong ngono cek’e aku gak takon awakmu,sdng tenan tin,aku gk bakal nyonto awakmu”
“Ora ngono fit,,tapi sampek kapan awakmu bakal koyo ngene??nek awakmu nandelno kerpekan terus,,kapan pintere??”titi nyawang fitri karo ngatukno alis.
“Wes,awakmu ora usah nyramahi aku.aku seng ape ngerpek lapo awakmu seng repot?”
Diomongi fitri koyo ngono ,sak menika titin langsung pindah nang bangkune amerga titin wes murup,gak suwe bu saroh melbu karo njengureng karo ngowo lembar ujian.Bu saroh kuwi guru sing terkenal keras banget tinimbang guru liyane,mangkane poro santri isih iso mbantah guru liyane nanging gak iso lan gak wani mbantah bu saroh.Gak suwe banjur bu saroh mbagi lembar ujian marang bocah bocah.
Bocah bocah wes podo siap ujian amerga sakdurunge wes podo sinau nanging fitri katon ndredeg,bingong,lan wedi banget, sing biasane dheweke iso ngerepek amarga gurune kalem banget nanging dheweke saiki gak iso ngerepek amarga wedo kaweruhan ubu syaroh.
“ Haduuuh.. piye iki ? seng njogo bu saroh, aku gak bakal iso ngerepek ning yo aku gak sinau blas pisan.” Fitri nggeremeng nak jero ati.
Dheweke katon gugup banget bocah bocah wis podo njawab soal, ana sing wis njawab5,6,8 lan sapiturute nanging fitri durung iso jawab soal blas. Lembar ujian,e iseh kososng gak suwe bocah bocah wis ana sing mari, banjur dikumpulna nang meja guru, fitri ora bias jawab soal blas amarga dheweke diwanek wanekno buka buku karo meneng meneng fitri buka buku didelikno nang niso mejo, amarga dheweke wis nemu jawabane dheweke langsung nulis jawabane nang lembar ujian, sangking enake dheweke ngerjakno dheweke gak sadar yen bu saroh ana ing burine, bu saroh ngerohi fitri ngerepek banjur bu ssaroh nggayoh lembar ujiane fitri,
“ lho bu… durung mari !” fitri noleh nang bu saroh karo kaged
“opo?? Durung mari? Wes mari ngerpek sakmono suwene ijek durong mari !!” Bu saroh ngoceh karo mendelengi fitri.Nangig fitri meneng wae, deweke katon wedi lan ndredek banget, deweke ora iso omong opo opo,
“Rungokkee,,!!! Wong tuo mu ngeterake awakmu mondok amergo pengen awakmu iso dadi bocah sing apik, karepe wong tuo mu yen awakmu muleh awakmu bakal dadi wong si g ilmune manfaat lan barokah, nanging yen awakmu koyo ngene pada uga awakmu ora jujur, ape dadi opo awakmu?? Percuma awakmu ngerpek ,awakmu iso ngerjakno ujian nanging ilmu mu ora bakal manfaat lan barokah, ning awakmu yo bakal ngawe wong tuomu kecewa, awakmu bakal ngawe wong tuo mu ngasa salah ndidik awakmu, padahal iki kesalahanmu dewe,,!!” Bu saroh mendelengi fitri.
Fitri muduna sirahe gak dirasa tibak.e meripate ngeluh deweke sedeh banget ngrungokake omongane bu saroh , deweke sadar yen omongane bu saroh kuwi bener, deweke ora iso mbanggakno wong tuone, ning malah ngawe wong tuone kecewa. Sakmarine ujian bocah bocah podo metu teko kelas.nanging fitri isih lungguh nang panggone karo nglamun, banjur diparani karo titin.
“fit…” titin nyelok fitri karo nablek pundake fitri. Banjur fitri langsung ngrangkul titin karo nanges deres banget.
“wes wes…. Ora usah dipiker fit,,, pokok’e kejadian mau gawe’o pengalaman, saiki wes ora usah ngrepek maneh,” tuturane titin karo ngelus elus sirahe fitri.
“Aku nyesel tin,,, nyesel banget!! Ucapane bu saroh kuwi bener, aku percuma ngerpek, mance iyo nilaiku apik nangeng ilmuku yo gak bakal barokah lan manfaat.” Fitri matur karo sesenggukan.
“Alhamdulillah,, yen awakmu wes sadar, nang yo ora usah dibaleni maneh, amerga ngerpek mergo ngerpek kuwi hasile paling nyenengi nanging endinge bakal nglarani, lan ngrungoke nilai iku ora selawase nang nduwur kertas” tuture titin karo nguculake fitri teko rangkulane banjur fitri mensem.
“tin sepurane yo aku wes ngawe gelo atimu” omongane fitri marang titin.
“iyo ora popo “ jawabe titin karo mesem.
Akhire fitri karo titin apikan, lan fitri wes janji ora bakal ngerpek nanging deweke bakal sinau seng tenanan supoyo wong tuoe bangga karo deweke.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar