PLAGIAT
Sawijinig wengi kang padang
akeh lintang lintang sing podo semebar ono ing nduwor langit lan rembulan seng
wes meltek ombo ngarai ayeme ati wong sing podo ningali.Sinar rembulan sing
melbu nang sela sela cendelo kamar ing salah sijine asrama pondok pesantren seng
dijenengi AL IKHLASH,Pondok sing ono ning pesiser segoro pinger elor luweh
pestine ono ing kota Gersik.Pondok seng nduweni santri sekitar 150 uwong ngadek
megah bagunane lan setiap gedong podo tingkat telu kabeh.Wayah iku santri
santri podo antri mundut mangan ten dapur pondok,wektu iku antriane dhowo
bange, arek arek podo sibuk antri,kejobo fitri bocah kelas 3 smk asli soko
tuban seng nglamun ningali arek arek seng podoh rebutan mundut mangan.dadak an
teko ngguri ono seng ngageti fitri “doorrr,,,mbak.e lapo nglamun nang kene
dewe, gak mundut mangan ta?? Mangke telas lhoo,!!” suworone pi’ah konco sak
kamare fitri,amergi umure pi’ah luweh enom tinimbang fitri lan pawakane seng
cilik deweke nyelok fitri mbak lan fitri nyelok deweke dek.”ehhh dekk,,,bocah
kok ngageti wong wae!!” jawabe fitri,”hehehe,,ngapunten mbak,samian iku lapo
ngalamun ng kene??””wonten masalah ta?”pitakone pi’ah.”mboten nopo nopo dek”
jawabe fitri cekak.”nggeh pun,,tak tinggal nggeh mbak”kale mengsem nang pingere
fitri.”nggeh..” jawabku.antriane suwe suwe sepi akhire fitri mundut mangan lan
mangan ten kamar bareng konco koncone.
Bengi iki arek arek podo
sibuk sinau amergi sesok wes ujian diniah utowo disebut ujian pondok.Ono seng
moco kitab nang pojokan bantal,ono seng ngapalno imriti ( nandoman tentang
pelajaran nahwu lan wes gak asing kango bocah seng wes tau mondok),kecobo fitri
seng lagi sibuk dewe moco komik nang ngarep lemarine.”Fit, gak sinau ta?mene wes ujian lohh,,,!!”pitakone sela
konco sak kamar fitri seng paling akrep dewe karo fitri amergi cae sak deso
karo fitri lan kaet cilik wes bareng fitri terus.”wess,,,gampang sesok wae aku
sinau,nek samian ape sinau nang sinau..!!aku arep moco komik iki disek”jawabe
fitri,”yowes sak karepmu,,aku pe sinau disek”.omonge sela.”nggehh..”jawabe
fitri.sakwise iku fitri ngelanjutno
olehe moco komik lan sela sinau.sak marine iku arek arek banjur turu.
“Kukuruyuuuukkkk,,,,”suwarane
pitek jago seng nandakno bocah bocah kudu nang enggal enggal tangi saking
turune.Fitri lan konco koncone podo antri adus nang kolah seng ono nang njero
kamar.Sak marine iku fitri langsung budal nang mushola nindakake sholat
subuh.Sakmarine iku fitri lan konco kocone podo bali nang kamar.Sakdurunge
melbu kamar fitri ketemu umma seng lagi bareng karo titin.
“kepiye umm wes nyatet ta?”
“sampun fit,,wes siap
kabeh,”
“yowes,,!”karo mengsem
Jam wes nunjukno jam 07:00
wektune budal ujian.Fitri lan konco koncone podo siap siap lungo menyang
lapangan nang ngarep pondok,sakwise santriwan lan santriwati kumpul nang
lapangan sedoyo banjur maos doa bareng bareng seng dipimpin kale satungaling
santri lanang,sak marine doa arek arek melbu nang ruangan ujianne dewe dewe.Fitri
lungguh bangku paling mburi lan umma karo titin pangon nang ngarep.karo
ngenteni gurune melbu,poro santri pada sinau disik,lan podo bingung uga
nderedeg.Nanging fitri tenang banget ,deweke ora sinau blas,deweke,ngandelno
yen bakal ngerpek wektu ujian.sak menika,konco sak kelase fitrising jenenge
titin njejeri fitri.
“Fit,awakmu gak sinau
ta?”takon titin marang fitri
“gak”jawabe fitri cekak
“Awakmu gak wedi ta,mengko
gak iso ngerjakno?...sawangen !! kabeh podo sinau” pituture titin karo nunjuk
nang bocah bocah.
“Rungoke,mengko yen aku ora
iso ngerjakno ,aku bakal mbukak buku gampangkan.!!”
“tapi engko kuwi wayahe bu
saroh seng njogo,,”
“halah,,awakmu sengaja tah
ngomong ngono cek’e aku gak takon awakmu,sdng tenan tin,aku gk bakal nyonto
awakmu”
“Ora ngono fit,,tapi sampek
kapan awakmu bakal koyo ngene??nek awakmu nandelno kerpekan terus,,kapan
pintere??”titi nyawang fitri karo ngatukno alis.
“Wes,awakmu ora usah
nyramahi aku.aku seng ape ngerpek lapo awakmu seng repot?”
Diomongi fitri koyo ngono
,sak menika titin langsung pindah nang bangkune amerga titin wes murup,gak suwe
bu saroh melbu karo njengureng karo ngowo lembar ujian.Bu saroh kuwi guru sing
terkenal keras banget tinimbang guru liyane,mangkane poro santri isih iso
mbantah guru liyane nanging gak iso lan gak wani mbantah bu saroh.Gak suwe
banjur bu saroh mbagi lembar ujian marang bocah bocah.
Bocah bocah wes podo siap
ujian amerga sakdurunge wes podo sinau nanging fitri katon ndredeg,bingong,lan
wedi banget, sing biasane dheweke iso ngerepek amarga gurune kalem banget
nanging dheweke saiki gak iso ngerepek amarga wedo kaweruhan ubu syaroh.
“ Haduuuh.. piye iki ? seng
njogo bu saroh, aku gak bakal iso ngerepek ning yo aku gak sinau blas pisan.”
Fitri nggeremeng nak jero ati.
Dheweke katon gugup banget
bocah bocah wis podo njawab soal, ana sing wis njawab5,6,8 lan sapiturute
nanging fitri durung iso jawab soal blas. Lembar ujian,e iseh kososng gak suwe
bocah bocah wis ana sing mari, banjur dikumpulna nang meja guru, fitri ora bias
jawab soal blas amarga dheweke diwanek wanekno buka buku karo meneng meneng
fitri buka buku didelikno nang niso mejo, amarga dheweke wis nemu jawabane
dheweke langsung nulis jawabane nang lembar ujian, sangking enake dheweke
ngerjakno dheweke gak sadar yen bu saroh ana ing burine, bu saroh ngerohi fitri
ngerepek banjur bu ssaroh nggayoh lembar ujiane fitri,
“ lho bu… durung mari !”
fitri noleh nang bu saroh karo kaged
“opo?? Durung mari? Wes mari
ngerpek sakmono suwene ijek durong mari !!” Bu saroh ngoceh karo mendelengi
fitri.Nangig fitri meneng wae, deweke katon wedi lan ndredek banget, deweke ora
iso omong opo opo,
“Rungokkee,,!!! Wong tuo mu
ngeterake awakmu mondok amergo pengen awakmu iso dadi bocah sing apik, karepe
wong tuo mu yen awakmu muleh awakmu bakal dadi wong si g ilmune manfaat lan
barokah, nanging yen awakmu koyo ngene pada uga awakmu ora jujur, ape dadi opo
awakmu?? Percuma awakmu ngerpek ,awakmu iso ngerjakno ujian nanging ilmu mu ora
bakal manfaat lan barokah, ning awakmu yo bakal ngawe wong tuomu kecewa, awakmu
bakal ngawe wong tuo mu ngasa salah ndidik awakmu, padahal iki kesalahanmu
dewe,,!!” Bu saroh mendelengi fitri.
Fitri muduna sirahe gak
dirasa tibak.e meripate ngeluh deweke sedeh banget ngrungokake omongane bu
saroh , deweke sadar yen omongane bu saroh kuwi bener, deweke ora iso
mbanggakno wong tuone, ning malah ngawe wong tuone kecewa. Sakmarine ujian
bocah bocah podo metu teko kelas.nanging fitri isih lungguh nang panggone karo
nglamun, banjur diparani karo titin.
“fit…” titin nyelok fitri
karo nablek pundake fitri. Banjur fitri langsung ngrangkul titin karo nanges
deres banget.
“wes wes…. Ora usah dipiker
fit,,, pokok’e kejadian mau gawe’o pengalaman, saiki wes ora usah ngrepek
maneh,” tuturane titin karo ngelus elus sirahe fitri.
“Aku nyesel tin,,, nyesel
banget!! Ucapane bu saroh kuwi bener, aku percuma ngerpek, mance iyo nilaiku
apik nangeng ilmuku yo gak bakal barokah lan manfaat.” Fitri matur karo
sesenggukan.
“Alhamdulillah,, yen awakmu
wes sadar, nang yo ora usah dibaleni maneh, amerga ngerpek mergo ngerpek kuwi
hasile paling nyenengi nanging endinge bakal nglarani, lan ngrungoke nilai iku
ora selawase nang nduwur kertas” tuture titin karo nguculake fitri teko rangkulane
banjur fitri mensem.
“tin sepurane yo aku wes
ngawe gelo atimu” omongane fitri marang titin.
“iyo ora popo “ jawabe titin
karo mesem.
Akhire fitri karo titin
apikan, lan fitri wes janji ora bakal ngerpek nanging deweke bakal sinau seng
tenanan supoyo wong tuoe bangga karo deweke.